Kamis, 30 Oktober 2014

KANCA KATRESNAN 

  Ing sajroning ati
Rasa tresnaku marang kancaku
Kanca kang agawe rasa
Seneng, sara daktanggung bareng

Kancaku
Ing sak jembare dluwang iki dakuncatake
Rasa senengku marang awakmu
Mongkok atiku
Ora ana sing pantes tetembungan agawe ngungkapake rasaku marang sliramu

Kancaku
Wes suwe olehe ngelmu
Ilmu kang saya mbebani pekerti
Ilmu kang ora bisa dinalar?
Ilmu jagad lan akhirat
Ilmu, ilmu, ilmu lan ilmu
Aja nganti ilmu sing ala kok trepake kanca Kancaku

Urip ana ing tlatah kene
Urip kang dipuji-puji
Urip kang diwanti-wanti
Ning saya suwe saya mbebani

Kancaku
Wes suwe anggone bebarengan
Wes suwe anggone dolanan
Muga-muga katresnan iki dakgawa nganti pati

Kancaku
Dakenteni layang saka awakmu!!

                                                                                Geguritan: Imam Khotib Utomo (Rizal)